Wawancara Kerja (Malangan)

Wawancara kerja memang sulit dijaman sekarang. UMR (upah minimum regional) kape mundak nglamar kerjo yo Ruet,wajip di woco iki yo ...

kamus bahasa malangan - anealdi

B : Kowe duwe omah opo ora?
C : Dereng.
B : Kowe ora iso ketompo nang kene
C : Lho kok ngaten?
B : Mengko kowe mesti ngajukne utang nang perusahaan.
C : Ah.. mboten kok, sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
B : Malah ora ketompo
C : Lho kok ngaten?
B : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong wae, chatting terus.
B : Kowe duwe motor opo ora?
C : Mboten.
B : Ora ketompo
C : Lho kok mboten?
B : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
C : Sak janipun gadhah, ning tasih teng kampung, gampil mangke kulo beto mriki.
B : Wah ora ketompo.
C : Lho kok ngoten?
B : Tempat parkire wis kebak.
B : Kowé wis lulus sarjana tenan?
C : Sampun pak.
B : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan mbayaré murah.
C : Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi
B : Malah ra ketompo.
C : Lho kados pundi to?
B : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo.
B : Kowé seneng guyon ora?
C : Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé.
B : Ra ketompo.
C : Wee lha...kok ngoten?
B : Engko konco2mu lan anak buahmu podho stress.
C : Sakjané nggih sekedhik2 seneng guyon.
B : Malah ora ketompo.
C : Lho kok?
B : Mengko gaweanmu mung ndagel marahi nguyu terus ora podo kerjo.
B : Anakmu akèh opo sithik ?
C : Kathah pak
B : Ora ketompo
C : Sebabipun ?
B : Nyambut gawemu ora tenanan mung mikir gawe anak terus
C : Lha wong namung anak adopsi, kok.
B : Tambah ora ketompo
C : Lho?
B : Gawé anak waé aras2en, opo manèh nyambut gawé
B : Kowé iso Internét ?
C : Mboten
B : Ora ketompo
C : Sebabipun ?
B : Perusahaan ora nompo Buta Internet
C : Sakjanipun nggih saget
B : Tambah ora ketompo
C : Lha kok?
B : Mengko gaweanmu mung update status sing lucu
Read Also :-
Labels : #Fun ,
Getting Info...

7 komentar

  1. Syah Rizaldi
    Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
  2. komentar baru
  3. kementar baru ..
    1. Lho koq gambar loadingnya masih ada? :)
  4. coba
    1. coba
Diharap Berkomentar Dengan Baik dan Benar.